Kecangar... 5

Senin, 11 Apr '11 22:43

Kecangar aku nresnani kowe cah ayu

nyasak-nyasak numpak brompit methuk awakmu

Nunggu ngarep seketheng kampungmu

Ra wani mlebu wedi yen mberung sebehmu

 

Telung sasi tak solu-solu

Lungo Bon-Bin, Taman Lele opo Lawang Sewu

Ben iso yang-yangan karo awakmu

Ra reti aku, nopo kowe malah nglewung aku

 

Bengi-bengi rak sengojo liwat Taman KB

Pating tlecek wandu golek sasarane

Gacuk wedak kandel, pakaian sexi

Sepatu jinjit, minyak wangi aroma melati

Anggake wis koyo pragawati luar negri

 

Kangkrengane...

Nang pojok ngisor papan reklame aku weruh kowe

Nganggo rok mini ngawe-awe sajak ngece

Koyo wong pah-poh aku nyawang kowe

Jebule kowe wandu Taman KB

Jangkrik.... Kecangar aku.....


Tag: jangkrik, kecangar

Sebarkan Digg Delicious MySpace

Siapa saja yang merating artikel ini:

Komentar:

jatiblack 0 0
Bengi-bengi rak sengojo liwat Taman KB
Pating tlecek wandu golek sasarane
Gacuk wedak kandel, pakaian sexi
Sepatu jinjit, minyak wangi aroma melati
Anggake wis koyo pragawati luar negri

>> Oooo... tidak bisa, saiki Taman KB bebas "POLUSI" lho kang. :-D



Kangkrengane...
Nang pojok ngisor papan reklame aku weruh kowe
Nganggo rok mini ngawe-awe sajak ngece
Koyo wong pah-poh aku nyawang kowe
Jebule kowe wandu Taman KB
Jangkrik.... Kecangar aku.....

>> Untung orak nganti nem (6) sasi............... :-D
maknyos 0 0
hahaha yu kunyil isuk2 marai ngguyu....

jatiblack: wes jelas2 nick namenya yu dan avatare ayu ne koyo ngono kok diundang kang : p
yu kunyil 0 0
Dik Jati: ini pengalaman waktu anda masih taman-kanak-kanak, barangkali

yu kunyil 0 0
Maknyos: Ternyata menulis dengan dialek Semarangan angel juga.
ninazski 0 0
yok nggawe halaman khusus posting bhs semarangan...

Silahkan login untuk memberikan pendapat